Wednesday, July 26, 2023

Pawartos Enggal Wulan Juli 2023

DANA KAGEM PAK USTAD SAMPUN KAWULA ATURAKEN (Rp 1000.000), 2 AGUSTUS 2023

Selajenganipun, kunjuk dhumateng sedaya warga ingkang kinurmatan, nuninggih lumantar serat wewara ingkang kaaturaken punika, keparenga kawula ngaturaken menggah panggulawenthahing redana gegayutanipun kaliyan masjid Alhidayah, ingkang sampun katindakaken utawi sampun kalampahan dumugi wekdal samangke, wulan juli taun 2023. Bilih rikala dinten sabtu (22 juli 2023), minggu, senin, masjid alhidayah kepareng nindakakan pakaryan saperlu ndandosi perangan masjid ingkang dereng sampurna, kanthi panyengkuyung para kadang kaneman, wondene perangan masjid ingkang dipun dandosi antawisipun: pasang keramik gudang (dapur), papan-panggenan wudhu sisih kidul saha iring ler.


Kawuningan kas masjid kala rumiyin gunggungipun:

Rp 5.030.134

Selajengipun, kagem wragat kabetahan ingkang kasebat ing nginggil gunggungipun: 

Rp 2.164.500 (belanja awal)

Kerja bakti katindakaken 3 dinten, ingkang tartamtu mbetahaken konsumsi utawi dhaharan (mboten kaserat ing mriki amargi kirang prayogi tumraping tata krami (kesopanan), mugi saget dipun mangertosi bapak/ibu).

GUDANG

Atur selajengipun, bilih pakaryan ingkang sampun katindakaken para kaneman kalawau, mboten wonten tukang ingkang pikantuk redana (upah), kanthi makaten, anggaran kagem tukang, kaalihaken kinarya kabetahan sanesipun, kadosta kagem mundhut lampu hias,kabel lan sanesipun. 

Kinarya njangkepi serat wewara (palaporan) punika, tumunten kaaturaken serat nota, kunjuk dhumateng panjenengan sami, amung kewala mboten saget sedaya pamundhutan mawi serat nota, inggih awit mboten sedaya bakul ngginaaken nota pamundhutan, mliginipun kagem bakul alit, kadosta kagem konsumsi.




Pawartos sanesipun, kawula serat wonten postingan blog alhidayah bulurejo 

https://masjidalhidayahbulurejo.blogspot.com/

Mbok menawi wonten samukawis bab ingkang kirang gamblang utawi dereng terang trewaca, saget sesambetan kaliyan kawula ing wekdal ingkang langkung mironggan. Makaten atur saking kawula, kirang langkungipun, nyuwun pangapunten.

 

1 comment: